Kebudayaan
Jawa kuwe kebudayaan
sing dianut masyarakat Jawa, sing ngutamakna keseimbangan,
keselarasan, lan keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam
karo makhluk urip) kudu harmonis, saling berdampingan, intine kabeh
kudu cocog.
Apa-apa
sing marakna ora cocog kudu dihindari, angger ana sing bisa ngganggu
keseimbangan kuwe kudu cepet digenahna ben kabeh mbalik harmoni
maning, mbalik cocog maning.
Umum sing cokan ngganggu
keseimbangan kuwe yakuwe polah menungsane, mbuh polah menungsa
karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo
alam, sing nggenahna maning umume dipimpin utawa dadi tanggungjawab
pimpinan masyarakat.
Sing angel nang kebudayaan Jawa
yakuwe angger keseimbangan kuwe diganggu polah menungsa karo menungsa
sing umum nimbulna konflik (harmoni keganggu). Sing jenenge ora cocog
utawa ora seneng tuli umum ning merga arep ngindari konflik, umume
rasa ora cocog kuwe dipendem.
Nang
masyarakat Jawa
umume ana golongan-golongan sosiale, misal: golongan Priyayi
karo rakyat biasa. Ana maning golongan Santri
karo golongan Abangan.
Kuwe juga keton sekang basa. Nang basa Jawa ana kelas utawa
tingkatan-tingkatan sing bisa nggambarna status sosial penuture.
Tingkatan Sosial Basa Jawa
Loro
sing terakhir mung dituturna nang lingkungan keluarga Kraton.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar